23 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
24 “Sira ndhawuhana wong Israel mangkene: Ing sasi kapitu tanggal sapisan ing sasi iku, iku sira dadekna dina pangasoan, dina pangeling-eling kanthi swaraning kalasangka yaiku dina kumpulan suci.
25 Sira aja padha nglakoni pagawean kang abot lan sira padha nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah.”
26 Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa:
27 “Nanging tanggal kaping sepuluh ing sasi kang kapitu iku dadia dina pirukun; sira padha nganakna kumpulan suci, lan padha ngesorna awakira kalawan puwasa sarta padha nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah.
28 Ing dina iku sira aja padha nyambut gawe; awitdene iku dina pirukun kanggo nganakake pirukun tumrap sira ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah Allahira.
29 Awitdene saben wong kang ora ngesorake awake kalawan puwasa ing dina iku, iku kudu kasirnakake saka ing antarane bangsane.