31 Sira aja padha nindakake pagawean; iku pranatan kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun, ana ing ngendi bae padununganira.
32 Iku kadadekna sawijining sabat, dina ngaso babar pisan sarta sira ngesorna awakira kalawan puwasa. Wiwit saka malem tanggal sanga sasi iku, ing wayah suruping srengenge tumeka wayah suruping srengenge, sira padha ngriyayakna sabatira.”
33 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
34 “Sira ndhawuhana marang wong Israel, mangkene: Ing sasi kapitu mau tanggale ping limalas, iku dina riyaya tarub kagem Pangeran Yehuwah lawase pitung dina.
35 Ing dinane kang kapisan sira nganakna kumpulan suci, sira aja padha nglakoni pagawean kang abot.
36 Pitung dina lawase sira padha nyaosna kurban genenan marang Sang Yehuwah lan ing dina kang kawolu sira padha nganakna kumpulan suci sarta nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah. Iku dina gedhe kumpulan, ing dina iku sira aja nglakoni pagawean kang abot.
37 Iku mau dina-dina riyaya kang ditetepake dening Pangeran Yehuwah kang kudu padha sira undhangake dadi dina kumpulan suci, sarta sira padha nyaosna kurban genenan marang Sang Yehuwah, yaiku kurban obaran lan kurban dhaharan, kurban sembelehan lan kurban unjukan, saben dina kehe miturut kang wus ditetepake kanggo ing dina iku.