Kaimaman 23:37-43 JAV

37 Iku mau dina-dina riyaya kang ditetepake dening Pangeran Yehuwah kang kudu padha sira undhangake dadi dina kumpulan suci, sarta sira padha nyaosna kurban genenan marang Sang Yehuwah, yaiku kurban obaran lan kurban dhaharan, kurban sembelehan lan kurban unjukan, saben dina kehe miturut kang wus ditetepake kanggo ing dina iku.

38 Iku mau kabeh durung kalebu dina-dina Sabate Pangeran Yehuwah, lan pisungsung-pisungsungira apadene sakehe kurban punaginira, kurbanira manasuka kang arep sira saosake marang Pangeran Yehuwah.

39 Nanging ing sasi kapitu tanggale ping limalas, ing waktu nglumpukake pametune buminira, ing kono sira padha nganakna pahargyan sumaos marang Pangeran Yehuwah pitung dina lawase; dinane kapisan iku dina ngaso babar pisan, mangkono uga dinane kawolu, iku uga dina ngaso babar pisan.

40 Ing dinane kapisan sira goleka woh-wohan kang becik-becik, papah-papah kurma, apadene carang-carange wit-witan kang ngrembuyung sarta wit gandarasa lan padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Allahira, pitung dina lawase.

41 Sira padha ngriyayakna iku minangka pahargyan sumaos marang Pangeran Yehuwah, saben taun pitung dina lawase. Iku pranatan kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun. Iku sira riyayakna ing sasi kang kapitu.

42 Pitung dina lawase sira padha manggona ing rerekan tarub, saben wong Israel asli padha manggona ing pepethan tarub iku,

43 supaya turunira padha sumurup, yen wong Israel iku padha Sunpanggonake ana ing tarub-tarub, nalika wus padha Sunentasake saka ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.”