39 Nanging ing sasi kapitu tanggale ping limalas, ing waktu nglumpukake pametune buminira, ing kono sira padha nganakna pahargyan sumaos marang Pangeran Yehuwah pitung dina lawase; dinane kapisan iku dina ngaso babar pisan, mangkono uga dinane kawolu, iku uga dina ngaso babar pisan.
40 Ing dinane kapisan sira goleka woh-wohan kang becik-becik, papah-papah kurma, apadene carang-carange wit-witan kang ngrembuyung sarta wit gandarasa lan padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Allahira, pitung dina lawase.
41 Sira padha ngriyayakna iku minangka pahargyan sumaos marang Pangeran Yehuwah, saben taun pitung dina lawase. Iku pranatan kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun. Iku sira riyayakna ing sasi kang kapitu.
42 Pitung dina lawase sira padha manggona ing rerekan tarub, saben wong Israel asli padha manggona ing pepethan tarub iku,
43 supaya turunira padha sumurup, yen wong Israel iku padha Sunpanggonake ana ing tarub-tarub, nalika wus padha Sunentasake saka ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.”
44 Kaya mangkono dhawuhe Pangeran Yehuwah bab dina-dina gedhe kang katetepake dening Pangeran Yehuwah, kang kaundhangake dening Nabi Musa marang wong Israel.