4 Iki dina-dina gedhe kang ditetepake dening Pangeran Yehuwah dina masamuwan suci, kang siji-sijine kudu sira undhangake ing kala mangsane.
5 Ing sasi kapisan tanggal ping pat belas ing sasi iku, ing wayah sore iku Paskah kagem Sang Yehuwah.
6 Ing sasi iku tanggal ping limalas iku dadi riyayane roti tanpa ragi sumaos marang Sang Yehuwah; pitung dina lawase sira padha mangana roti tanpa ragi.
7 Ing dinane kang kapisan sira padha nganakna parepatan suci, sira aja nglakoni pagawean kang abot.
8 Pitung dina lawase sira padha nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah; ing dinane kang kapitu iya nganakna parepatan suci, sira aja padha nglakoni pagawean kang abot.”
9 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
10 “Sira ndhawuhana marang wong Israel lan tutura: Samangsa sira wus lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake marang sira, saben bubar panen, wiwitaning panenanira sabentel sira ladekna marang imam,