12 Wonge banjur ditahan karo ngenteni karampungane kang cundhuk karo pangandikane Pangeran Yehuwah.
13 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:
14 “Wong kang wus ngucapake ipat-ipat iku gawanen metu saka ing palereban lan sakehe wong kang krungu padha numpangna tangane ana ing sirahe, sawuse mangkono wong iku dibenturana watu dening wong sapasamuwan.
15 Karodene wong Israel padha sira dhawuhana mangkene: Sing sapa ngipat-ipati marang Gusti Allah, iku kudu nanggung kaluputane dhewe.
16 Sing sapa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati, dibenturana watu dening wong sapasamuwan. Dadia iku wong Israel asli utawa bangsa liya, manawa ngala-ala marang asmane Pangeran Yehuwah, iku kaukuma pati.
17 Mangkono maneh manawa ana wong kang mateni sadhengah wong, iku poma kaukuma pati.
18 Nanging sing sapa mateni sadhengah raja-kaya, kudu ngijoli, siji padha siji.