17 Mangkono maneh manawa ana wong kang mateni sadhengah wong, iku poma kaukuma pati.
18 Nanging sing sapa mateni sadhengah raja-kaya, kudu ngijoli, siji padha siji.
19 Mangkono uga manawa ana wong gawe cacad sapadha-padha, iku kawalesa miturut kang dadi panggawene mau;
20 tugel diwales tugel, mripat diwales mripat, untu diwales untu; kaya dene anggone gawe cacading liyan, dheweke iya kagawea mangkono.
21 Sing sapa mateni raja-kaya, iku kudu nglironi, nanging sing sapa mateni wong, iku kaukuma pati.
22 Mung ana pranatan siji kanggo sira, dadia wong manca utawa wong Israel asli, marga Ingsun iki Yehuwah, Allahira.”
23 Kaya mangkono pangandika kang didhawuhake dening Nabi Musa marang wong Israel; wong kang ngucapake ipat-ipat mau tumuli digawa metu saka ing palereban, sarta dibenturi watu. Dadine wong Israel padha nindakake apa kang didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.