3 Harun kudu tansah njaga damar-damar iku ana ing sangarepe geber kang ngaling-alingi papan angger-anggering Allah ing jero Tarub Pasewakan, wiwit wayah sore tumeka esuke, ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. Iku pranatan kang kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun.
4 Padamaran mas murni iku damar-damare kudu tansah dijaga ana ing ngarsane Sang Yehuwah.
5 Karomaneh sira njupuka glepung gandum pilihan lan kagawea roti bunder rolas iji. Roti siji rong prasepuluh efa.
6 Iku banjur katataa ana ing meja mas murni ing ngarsane Pangeran Yehuwah dadi rong tumpuk, dadi satumpuke nem iji.
7 Saben satumpuk dokokana menyan kang tulen; menyan iku dadia pangenget-enget tumrap ing roti mau, yaiku kurban genenan kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah.
8 Saben dina Sabat roti iku tansah ajega ditata ana ing ngarsane Sang Yehuwah, iku tumrap Israel dadi kuwajiban prajanjian kanggo ing salawase.
9 Dene roti iku dadia bageane Harun lan para anake, sarta padha dipangana ana ing panggonan kang suci; awitdene iku panduman kang suci pinunjul, saka kurban genenan kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah, iku dadia tatanan kang kanggo ing salawase.”