9 Dene roti iku dadia bageane Harun lan para anake, sarta padha dipangana ana ing panggonan kang suci; awitdene iku panduman kang suci pinunjul, saka kurban genenan kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah, iku dadia tatanan kang kanggo ing salawase.”
10 Kacarita ing sawijining dina ana wong lanang, embokne wong Israel, bapakne wong Mesir kang nekani tarub palerebane wong Israel. Wong mau banjur kerengan karo wong Israel ana ing palereban.
11 Anake wong wadon Israel iku tumuli ngala-ala lan ngipat-ipati asmane Pangeran Yehuwah; tumuli disebakake marang ing ngarsane Nabi Musa. Embokne wong iku jenenge Selomit anake Dibri saka taler Dhan.
12 Wonge banjur ditahan karo ngenteni karampungane kang cundhuk karo pangandikane Pangeran Yehuwah.
13 Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa:
14 “Wong kang wus ngucapake ipat-ipat iku gawanen metu saka ing palereban lan sakehe wong kang krungu padha numpangna tangane ana ing sirahe, sawuse mangkono wong iku dibenturana watu dening wong sapasamuwan.
15 Karodene wong Israel padha sira dhawuhana mangkene: Sing sapa ngipat-ipati marang Gusti Allah, iku kudu nanggung kaluputane dhewe.