1 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa ana ing gunung Sinai:
2 “Wong Israel padha sira kandhanana lan padha tuturana mangkene: Besuk samangsa sira wus padha lumebu ing nagara kang bakal Sunparingake marang sira, tanah iku kudu diasokake, minangka sabat sumaos marang Pangeran Yehuwah.
3 Sajroning nem taun lawase sira nyebarana buminira, lan sajroning nem taun sira ngethokana pucuke tanduranira anggur, sarta ngundhuhana pametune tanah iku,
4 nanging taune kang kapitu, iku sabat tumrap tanah iku, wayah ngaso babar pisan, iya sabat sumaos marang Pangeran Yehuwah; buminira aja sira sebari lan tanduranira anggur aja sira kethoki pucuke.