20 Saupama sira padha takon: Apa kang bakal padha dakpangan ing taun kang kapitu iku? Aku rak padha ora kalilan nyebar lan ora kena nglumpukake pametuning tanah!
21 Ing kono Ingsun bakal ndhawuhake berkahingSun marang sira ing taun kang kaping nem; temah bakal metokake kang nyukupi kanggo telung taun.
22 Ing taun kang kaping wolu, sira bakal padha nyebar, nanging sira bakal padha mangan pametu kang dhisik nganti tumeka taun kang kaping sangane; nganti salebune pametune iku, sira isih bakal padha mangan kang dhisik.”
23 “Tanah aja diedol salawase, awitdene tanah iku kagunganingSun, lan sira iku padha dadi wong manca, kang neneka tumrap Ingsun.
24 Mulane ana ing tanah darbekira kabeh, sira padha nglilanana manawa palemahan iku ditebus.
25 Saupama ana sadulurira kang tumiba ing kamlaratan, nganti ngedol saperanganing palemahane, iku sanake kang duwe wewenang nebus, yaiku sanake kang cedhak dhewe, iku maraa nebus kang wus kaedol sadulure iku.
26 Dene manawa ora duwe sanak kang wajib nebus, mangka sawuse mangkono bisa nebus dhewe marga wus nemu kang kagawe nebus darbeke,