25 Saupama ana sadulurira kang tumiba ing kamlaratan, nganti ngedol saperanganing palemahane, iku sanake kang duwe wewenang nebus, yaiku sanake kang cedhak dhewe, iku maraa nebus kang wus kaedol sadulure iku.
26 Dene manawa ora duwe sanak kang wajib nebus, mangka sawuse mangkono bisa nebus dhewe marga wus nemu kang kagawe nebus darbeke,
27 iku ngetunga anggone ngedol mau wus pirang taun, banjur saluwihing kekarane dibalekna marang kang nuku, kalawan mangkono wong mau banjur bisa ngulihi tanah ebeke.
28 Nanging manawa ora duwe kang kagawe mbalekake, ing kono darbeke kang wus diedol tetep ana ing tangane kang tuku nganti tumeka ing Taun Yobel. Ing Taun Yobel palemahan iku bakal luwar, sarta wong mau bisa ngulihi tanah ebeke.”
29 “Saupama ana wong adol omah ana ing kutha kang pagere tembok, omah iku kenane ditebus mung tumeka taun pendhake, kaetung saka anggone ngedol; anggone wenang nebus mung sajrone setaun.
30 Nanging manawa nganti sataun ora ditebus, omah mau tetep dadi duweke kang tuku nganti turun-tumurun, ing Taun Yobel ora bisa bali.
31 Balik omah kang ana ing desa kang ora kinubengan ing pager tembok, iku kapadhakna karo palemahan ing nagara kono, padha kena ditebus lan ing Taun Yobel kudu bali.