44 Nanging baturira tukon lanang utawa wadon kang arep sira ingu, iku sakaa para bangsa kang ana ing saubengira; mung panunggalane iku kang kena sira tuku dadi baturira lanang utawa wadon.
45 Sarta maneh kang kena sira tuku yaiku panunggalane anake para wong neneka kang manggon ana ing tengahira, kang lair ana ing nagaranira. Wong iku padha kena sira darbeni.
46 Iku edum-edumna dadi warisan marang anak-anakira, supaya kadarbe minangka warisan, pangengere iki salawas-lawase. Dene mungguh wong Israel, siji-sijine wong panunggalanira aja ana kang ngereh marang sadulurira klawan daksiya.
47 Manawa ana wong ngamanca utawa wong neneka kang ana ing tengahira, kang uripe wus kacukupan, mangka sadulurira kang melu wong iku tumiba ing kamlaratan, nganti ngedol awake marang wong ngamanca utawa wong neneka iku, utawa marang wong kang asale saka wong ngamanca iku,
48 sawuse ngedol awake mau, kawenangna ditebus, yaiku salah sijine wong panunggalane sadulure kena nebus,
49 sadulure bapakne utawa kulawargane kang cedhak, utawa manawa wus kuwat dhewe, iku wenang nebus awake dhewe.
50 Wong iku nuli etung-etungana karo kang nuku, wiwit taun anggone ngedol awake dhewe nganti tekan Taun Yobel, sarta dhuwit pangedole banjur kaetunga miturut cacahing taun; anggone melu marang wong kang neneka iku kaanggepa kaya cacahing taune wong buruh.