46 Iku edum-edumna dadi warisan marang anak-anakira, supaya kadarbe minangka warisan, pangengere iki salawas-lawase. Dene mungguh wong Israel, siji-sijine wong panunggalanira aja ana kang ngereh marang sadulurira klawan daksiya.
47 Manawa ana wong ngamanca utawa wong neneka kang ana ing tengahira, kang uripe wus kacukupan, mangka sadulurira kang melu wong iku tumiba ing kamlaratan, nganti ngedol awake marang wong ngamanca utawa wong neneka iku, utawa marang wong kang asale saka wong ngamanca iku,
48 sawuse ngedol awake mau, kawenangna ditebus, yaiku salah sijine wong panunggalane sadulure kena nebus,
49 sadulure bapakne utawa kulawargane kang cedhak, utawa manawa wus kuwat dhewe, iku wenang nebus awake dhewe.
50 Wong iku nuli etung-etungana karo kang nuku, wiwit taun anggone ngedol awake dhewe nganti tekan Taun Yobel, sarta dhuwit pangedole banjur kaetunga miturut cacahing taun; anggone melu marang wong kang neneka iku kaanggepa kaya cacahing taune wong buruh.
51 Manawa cacahing taun kang kari iku isih akeh, anggone mbalekake dhuwit panukune minangka panebuse awake iku manut cacahing taun mau.
52 Manawa cacahe taun kang tumeka Taun Yobel iku mung kari sathithik, iya etung-etungana karo kang nuku, anggone mbalekake dhuwit tebusan kanggo awake dhewe; kaetunga miturut cacahe taun iku.