5 Sarta apa bae kang thukul dhewe saka buminira iku, aja sira eneni lan wohe tanduranira wit anggur kang ora sira tutuhi iku, aja sira undhuhi. Taun iku dadia taun pangasoan babar pisan tumrap tanah iku.
6 Pametune tanah sajrone sabat iku padha sira pangana, iya sira, iya baturira lanang lan wadon lan buruhira apadene wong liya bangsa kang padha manggon awor karo sira.
7 Iya kanggo raja-kayanira lan sato-kewan alasan kang ana ing tanahira, sapametune kabeh iku dadia pakane.
8 Sira banjur ngetunga pitung taun sabat, yaiku pitung taun ping pitu, dadi pitung pendhak taun sabat mau padha karo patang puluh sanga taun.
9 Sawuse mangkono nuli ing sasi kapitu tanggal ping sapuluh, ing dina riyaya pirukun, sira ndlajahana ing satanahira kabeh karo ngunekna kalasangka.
10 Taune kang kaping seket iku sira sucekna, lan ngundhangna kamardikan marang wong saisine nagara kabeh; taun iku padha kagawea Taun Yobel, saben wong panunggalanira padha balia menyang palemahane kang dadi darbeke lan kulawargane.
11 Taun kang kaping seket iku padha sira dadekna Taun Yobel, sira aja padha nyebar wiji, lan apa kang bakal thukul dhewe, aja sira eneni, sarta aja padha ngundhuhi wohe wit anggur kang ora kokkethoki pucuke.