1 “Sira aja gawe sesembahan brahala, lan reca tatahan utawa tugu brahala aja sira degake kanggo sira, uga watu ukir-ukiran aja sira dekek ana ing tanahira kanggo pasujudan, awitdene Ingsun iki Yehuwah, Allahira.
2 Sira padha netepana dina-dina SabatingSun lan ngajenana pasuceningSun, Ingsun iki Yehuwah.
3 Manawa lakunira padha miturut ing pranataningSun sarta tansah padha gondhelan marang prentahingSun, lan nindakake iku,
4 mesthi sira bakal Sunparingi udan ing kalamangsane, satemah palemahanira bakal aweh pametu lan wit-witan ing pakebonanira bakal metu wohe.