1 “Sira aja gawe sesembahan brahala, lan reca tatahan utawa tugu brahala aja sira degake kanggo sira, uga watu ukir-ukiran aja sira dekek ana ing tanahira kanggo pasujudan, awitdene Ingsun iki Yehuwah, Allahira.
2 Sira padha netepana dina-dina SabatingSun lan ngajenana pasuceningSun, Ingsun iki Yehuwah.
3 Manawa lakunira padha miturut ing pranataningSun sarta tansah padha gondhelan marang prentahingSun, lan nindakake iku,
4 mesthi sira bakal Sunparingi udan ing kalamangsane, satemah palemahanira bakal aweh pametu lan wit-witan ing pakebonanira bakal metu wohe.
5 Mangsane angonira padha nutu bakal nganti nyandhak mangsane ngundhuh anggur lan olehe ngundhuh anggur bakal nganti tumeka mangsane nyebar. Anggonira padha mangan bakal nganti wareg, lan pamanggonira ana ing tanahira bakal kanthi ayem lan tentrem.
6 Karodene Ingsun bakal paring tentrem tata raharja ana ing tanahira, temah sira bakal padha turu kalawan ora ana kang gawe kagetira. Ingsun bakal nyirnakake sarupane kewan galak saka ing nagara kono, apadene nagaranira bakal ora kambah ing pedhang.