14 Nanging manawa sira padha ora ngrungokake marang Ingsun, lan ora ngestokake sakehe pepakoningSun,
15 manawa sira padha nampik marang katetepaningSun lan atinira padha jeleh ngrungokake pranataningSun, nganti sira padha ora ngestokake pepakoningSun, sarta padha mbubrah prasetyaningSun,
16 Ingsun iya bakal nandukake iki marang sira, yaiku Ingsun bakal nekakake pagiris marang sira, watuk sarta panastis, kang nganti ngrusak mripat, lan nyawanira nglambrang; tanpa guna anggonira padha nyebar wijinira, marga pametune bakal dipangan dening mungsuhira nganti entek.
17 Ingsun piyambak bakal nglawan marang sira, nganti sira bakal padha kasoran ana ing ngarepe mungsuhira; para kang nyengiti sira iku kang bakal nguwasani sira, sira bakal padha keplayu, sanajan ora ana kang mburu marang sira.
18 Anadene manawa ana ing kaanan kang kaya mangkono iku, sira meksa isih padha ora ngrungokake dhawuhingSun, Ingsun bakal maringi pamerdi marang sira luwih dening abot, nganti tikel pitu, marga saka dosanira,
19 sarta Ingsun bakal mutung pangwasanira kang gumunggung, lan langitira bakal Sundadekake kaya wesi, lan buminira kaya tembaga,
20 temahan rekasanira bakal tanpa tuwas babar pisan; buminira bakal ora metokake asil, lan wit-witan ing tanahira ora bakal awoh.