17 Ingsun piyambak bakal nglawan marang sira, nganti sira bakal padha kasoran ana ing ngarepe mungsuhira; para kang nyengiti sira iku kang bakal nguwasani sira, sira bakal padha keplayu, sanajan ora ana kang mburu marang sira.
18 Anadene manawa ana ing kaanan kang kaya mangkono iku, sira meksa isih padha ora ngrungokake dhawuhingSun, Ingsun bakal maringi pamerdi marang sira luwih dening abot, nganti tikel pitu, marga saka dosanira,
19 sarta Ingsun bakal mutung pangwasanira kang gumunggung, lan langitira bakal Sundadekake kaya wesi, lan buminira kaya tembaga,
20 temahan rekasanira bakal tanpa tuwas babar pisan; buminira bakal ora metokake asil, lan wit-witan ing tanahira ora bakal awoh.
21 Manawa uripira isih tetep nyulayani marang karsaningSun lan ora gelem ngrungokake dhawuhingSun, bakal saya akeh tambahing paukumaningSun marang sira nganti tikel pitu, laras kalawan dosanira.
22 Ingsun bakal nguculake buron alas ana ing tengahira, kang bakal mangsa anakira lan numpes raja-kayanira, ndadekake cacahira mung kari sathithik, temah dalanira dadi sepi mamring.
23 Manawa ing sajroning kaanan kang kaya mangkono iku, sira meksa durung kapok marang pamerdiningSun, lan lakunira isih terus nyulayani karsaningSun,