18 Anadene manawa ana ing kaanan kang kaya mangkono iku, sira meksa isih padha ora ngrungokake dhawuhingSun, Ingsun bakal maringi pamerdi marang sira luwih dening abot, nganti tikel pitu, marga saka dosanira,
19 sarta Ingsun bakal mutung pangwasanira kang gumunggung, lan langitira bakal Sundadekake kaya wesi, lan buminira kaya tembaga,
20 temahan rekasanira bakal tanpa tuwas babar pisan; buminira bakal ora metokake asil, lan wit-witan ing tanahira ora bakal awoh.
21 Manawa uripira isih tetep nyulayani marang karsaningSun lan ora gelem ngrungokake dhawuhingSun, bakal saya akeh tambahing paukumaningSun marang sira nganti tikel pitu, laras kalawan dosanira.
22 Ingsun bakal nguculake buron alas ana ing tengahira, kang bakal mangsa anakira lan numpes raja-kayanira, ndadekake cacahira mung kari sathithik, temah dalanira dadi sepi mamring.
23 Manawa ing sajroning kaanan kang kaya mangkono iku, sira meksa durung kapok marang pamerdiningSun, lan lakunira isih terus nyulayani karsaningSun,
24 Ingsun iya bakal tumandang nglawan marang sira tuwin Ingsun piyambak bakal ngukum marang sira nganti tikel pitu marga saka dosanira.