27 Manawa ing sajrone kaanan kang kaya mangkono iku sira isih meksa padha ora ngrungokake dhawuhingSun, lan lakunira isih tetep nyulayani karsaningSun,
28 Ingsun iya bakal tumindak nglawan marang sira kalawan keras lan Ingsun piyambak bakal ngajar marang sira nganti tikel pitu, marga saka dosanira.
29 Sira bakal padha mangan daginge anak-anakira lanang lan anak-anakira wadon.
30 Punthuk-punthuk pepundhenira bakal Sungempuri, lan sakehe padupanira bakal padha Sunbubrah. Sarta jisimira bakal Sununcalake tumumpang ing bathanging brahalanira, sarta panggalihingSun bakal bosen mirsani sira.
31 Kutha-kuthanira bakal Sundadekake jugrugan, lan pepundhenira padha Sungempuri, lan pisungsungira kang gawe rena bakal ora Sunambet.
32 Ingsun piyambak kang bakal ngrusak nagara iku, nganti mungsuhira kang ngenggoni padha kaeraman.
33 Nanging sira bakal Sunsebar ing antarane para bangsa lan Ingsun bakal ngunus pedhang ana ing burinira; dene tanahira bakal dadi cengkar, lan kutha-kuthanira padha dadi jugrugan.