29 Sira bakal padha mangan daginge anak-anakira lanang lan anak-anakira wadon.
30 Punthuk-punthuk pepundhenira bakal Sungempuri, lan sakehe padupanira bakal padha Sunbubrah. Sarta jisimira bakal Sununcalake tumumpang ing bathanging brahalanira, sarta panggalihingSun bakal bosen mirsani sira.
31 Kutha-kuthanira bakal Sundadekake jugrugan, lan pepundhenira padha Sungempuri, lan pisungsungira kang gawe rena bakal ora Sunambet.
32 Ingsun piyambak kang bakal ngrusak nagara iku, nganti mungsuhira kang ngenggoni padha kaeraman.
33 Nanging sira bakal Sunsebar ing antarane para bangsa lan Ingsun bakal ngunus pedhang ana ing burinira; dene tanahira bakal dadi cengkar, lan kutha-kuthanira padha dadi jugrugan.
34 Ing kono tanah bakal pulih saka wahanane taun-taun sabate kang wus dilirwakake salawase cengkar, lan salawase sira padha manggon ana ing nagarane para mungsuhira; nuli tanahe bakal ngrasakake sabate sarta taun-taun sabat kang durung tinemu bakal dipulihake.
35 Salawase tanah dadi gempuran tanah iku bakal ngrasakake sabat kang durung dilakoni ing taun-taun sabatira, nalika sira isih padha manggon ing kono.