Kaimaman 26:40-46 JAV

40 Nanging samangsa padha ngakoni kaluputane lan kasalahane para leluhure, kang marga saka cidrane marang Ingsun, karodene ngakoni anggone padha nyulayani karsaningSun,

41 Ingsun uga tumandang nglawan wong-wong iku kang banjur Sunbekta menyang ing nagarane mungsuhe -- utawa manawa atine kang ora katetakan iku wus nungkul apadene wong-wong mau wus padha nebus kaluputane,

42 nuli Ingsun bakal ngengeti prasetyaningSun marang Yakub, lan iya ngengeti prasetyaningSun marang Iskak lan prasetyaningSun marang Abraham, sarta Ingsun ngengeti marang nagarane.

43 Dadi tanah iku bakal ditinggal lan bakal pulih saka wahanane taun-taun sabat-sabate kang dilirwakake salawase cengkar, marga ditinggal ing wong-wong mau, lan wong-wong iku bakal padha nebus kaluputane; mulane mangkono awit wus padha nampik marang pranataningSun, lan atine bosen ngrungokake katetepaningSun.

44 Sanadyana mangkono, samangsa padha ana ing nagarane mungsuhe, iya bakal padha ora Suntampik lan ora Sunemohi, Ingsun ora bakal ndadekake tumpese lan ora bakal mbubrah prasetyaningSun karo wong-wong iku, awit dene Ingsun iki Yehuwah Allahe.

45 Murih kaslametane wong iku Ingsun bakal ngengeti prasetyaningSun marang para leluhure kang wus Sunentasake saka ing tanah Mesir ana ing ngarepe para bangsa, supaya Ingsun dadi Allahe; Ingsun iki Yehuwah.”

46 Kaya mangkono iku katetepan lan pranatan sarta angger-angger kang padha kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, kang tumindak ana ing antarane Panjenengane lan wong Israel ana ing gunung Sinai lumantar Nabi Musa.