1 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
2 “Sira ndhawuhana marang wong Israel lan sira tutura: Manawa ana wong nglairake punagi mligi marang Yehuwah tumrap manungsa, iku pangajine mituruta sapantese,
3 kanggo wong lanang kang umure rong puluh taun tekan sawidak taun, iku sira ajenana seket sekel salaka, ditimbang miturut sekel suci.
4 Manawa tumrap wong wadon ajenana telung puluh sekel,
5 sarta kang umur limang taun tekan rong puluh taun, manawa lanang sira ajenana rong puluh sekel, manawa wadon sepuluh sekel.
6 Dene tumrap kang umur sesasi tekan limang taun, manawa lanang sira ajenana limang sekel salaka, manawa wadon telung sekel salaka.
7 Karodene tumrap kang umur sawidak taun utawa luwih, manawa lanang sira ajenana limalas sekel, manawa wadon sepuluh sekel.