16 Manawa ana wong kang nyengker saperangane palemahane sumaos marang Pangeran Yehuwah, iku pangajine kudu cundhuk karo wiji kang disebar, yaiku: wiji sair sagomer kang disebar direganana seket sekel salaka.
17 Manawa anggone nyengker palemahane mau wiwit ing Taun Yobel, pangajine tetep samono.
18 Nanging manawa anggone nyengker mau sawuse Taun Yobel, imam anggone ngetung pangajine mituruta kehe taun kang kari tekan ing Taun Yobel candhake, lan iku kanggo nyuda pangajine.
19 Anadene manawa kang nyengker palemahan iku nyata-nyata arep nebus, wong mau kudu mbayar dhuwit pangajine dipunjulana sapralimane, sawuse mangkono bali dadi darbeke maneh.
20 Nanging manawa palemahane mau ora ditebus, utawa malah wus diedol marang wong liya, iku ora kena ditebus maneh,
21 nanging sauwale ing Taun Yobel, palemahan iku dadi suci tumrap Pangeran Yehuwah, kaya dene tanah bengkasan, iku imam kang mesthi ndarbeni.
22 Anadene manawa kang disengker sumaos marang Pangeran Yehuwah iku palemahan mentas olehe tuku, lan ora kagolong palemahan duweke dhek biyen,