21 nanging sauwale ing Taun Yobel, palemahan iku dadi suci tumrap Pangeran Yehuwah, kaya dene tanah bengkasan, iku imam kang mesthi ndarbeni.
22 Anadene manawa kang disengker sumaos marang Pangeran Yehuwah iku palemahan mentas olehe tuku, lan ora kagolong palemahan duweke dhek biyen,
23 imam anggone ngregani ngetunga nganti tekan Taun Yobel; ing dina iku uga wong mau nyaosna dhuwit pangajine, iku minangka pisungsung suci sumaos marang Pangeran Yehuwah.
24 Ing Taun Yobel palemahan mau kudu bali marang kang ditukoni dhisik, yaiku wong kang sakawit ndarbeni palemahan mau.
25 Sakehe reregan iku mituruta sekel suci, kang sasekele bobote rong puluh gera.
26 Anadene mungguh pambarepe raja-kaya kang pancen wus dadi hake Yehuwah saka ing antarane kewan-kewan, iku ora kena disengker dening sapa bae; dadia sapi, dadia wedhus gembel utawa wedhus berok iku pada kagungane Yehuwah.
27 Nanging manawa iku kewan kang karam, iku ditebusa miturut pangajine, nganggo dipunjuli sapralimane, lan manawa ora ditebus, iku diedola miturut pangajine.