23 imam anggone ngregani ngetunga nganti tekan Taun Yobel; ing dina iku uga wong mau nyaosna dhuwit pangajine, iku minangka pisungsung suci sumaos marang Pangeran Yehuwah.
24 Ing Taun Yobel palemahan mau kudu bali marang kang ditukoni dhisik, yaiku wong kang sakawit ndarbeni palemahan mau.
25 Sakehe reregan iku mituruta sekel suci, kang sasekele bobote rong puluh gera.
26 Anadene mungguh pambarepe raja-kaya kang pancen wus dadi hake Yehuwah saka ing antarane kewan-kewan, iku ora kena disengker dening sapa bae; dadia sapi, dadia wedhus gembel utawa wedhus berok iku pada kagungane Yehuwah.
27 Nanging manawa iku kewan kang karam, iku ditebusa miturut pangajine, nganggo dipunjuli sapralimane, lan manawa ora ditebus, iku diedola miturut pangajine.
28 Balik mungguh samubarang kang dimligekake dening sawijining wong sumaos marang Yehuwah saka saperangane darbeke, dadia manungsa, dadia raja-kaya, utawa palemahane, iku ora kena diedol lan iya ora kena ditebus, marga samubarang kang wus dimligekake iku suci pinunjul kagem Sang Yehuwah.
29 Saben wong kang dimligekake, bakal katumpes, iku ora kena ditebus, mesthi diukum pati.