3 kanggo wong lanang kang umure rong puluh taun tekan sawidak taun, iku sira ajenana seket sekel salaka, ditimbang miturut sekel suci.
4 Manawa tumrap wong wadon ajenana telung puluh sekel,
5 sarta kang umur limang taun tekan rong puluh taun, manawa lanang sira ajenana rong puluh sekel, manawa wadon sepuluh sekel.
6 Dene tumrap kang umur sesasi tekan limang taun, manawa lanang sira ajenana limang sekel salaka, manawa wadon telung sekel salaka.
7 Karodene tumrap kang umur sawidak taun utawa luwih, manawa lanang sira ajenana limalas sekel, manawa wadon sepuluh sekel.
8 Nanging saupama wonge mau mlarat banget, nganti ora bisa mbayar pangajine wong kang dipunageni, iku nuli diajokna marang ngarepe imam, supaya imam nemtokna pangajine; dene imam anggone nemtokake ajine miturut kakuwatane wong kang nglairake punagi mau.
9 Manawa punagine iku tumrap raja-kaya kang kena kagawe kurban sumaos marang Pangeran Yehuwah, sadhengaha kang disaosake marang Pangeran Yehuwah, iku kudu suci.