1 “Manawa sesaosane arupa kurban slametan, mangka kang kasaosake iku arupa sapi, dadia lanang utawa wadon, iku kudu kang tanpa cacad kang disaosake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
2 Wonge banjur numpangna tangane ing endhasing kurbane, sapi iku nuli disembeleha ana ing sangarepe lawanging Tarub Pasewakan, sarta getihe disiramna ing sakubenge misbyah dening para imam anake Harun.
3 Sawuse mangkono kurbane slametan iku salong dijupuka dadi kurban kang kasaosake marang Sang Yehuwah sarana digeneni, yaiku gajihe kang nasabi jeroan lan sakehe gajih kang tumempel ing jeroan,
4 karomaneh ginjele loro pisan sagajihe, kang ana ing lempeng lan ing gembelaning atine, dijupuka bareng karo ginjele mau.
5 Iku banjur diobonga ana ing misbyah dening para anake Harun, katumpangna ing kurban obaran kang lagi kaobong ing geni; iku dadi kurban genenan, kang gandane damel renaning Yehuwah.