14 Banjur salong disaosna dadi kurban genenan marang Pangeran Yehuwah, yaiku gajih kang nasabi jeroan, lan sakehe gajih kang tumempel ing jeroan,
15 sarta ginjele loro pisan sagajihe, kang kraket ing kono, kang ana ing lempeng apadene gembelaning atine, dijupuka bareng karo ginjele mau.
16 Iku nuli diobonga kabeh dening imam ana ing misbyah minangka dhaharan awujud kurban genenan, kang gandane ngremenake. Sakehe gajih iku dadi kagungane Pangeran Yehuwah.
17 Iki pranatan kang kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun ana ing ngendi-endia dunungira: poma sira aja pisan-pisan mangan gajih lan getih.”