5 Iku banjur diobonga ana ing misbyah dening para anake Harun, katumpangna ing kurban obaran kang lagi kaobong ing geni; iku dadi kurban genenan, kang gandane damel renaning Yehuwah.
6 Manawa kang kanggo kurban slametan konjuk marang Pangeran Yehuwah iku arupa wedhus, dadia lanang utawa wadon, iku kudu kang tanpa cacad.
7 Saupama wedhus gembel kang disaosake dadi kurban, iku diladekna marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
8 Wonge numpangna tangane ing endhase kurban, wedhus iku banjur disembeleha ana ing ngarepa Tarub Pasewakan, sarta getihe banjur disiramna ing sakubenge misbyah dening para anake Harun.
9 Sawuse mangkono kurbane slametan iku salong kajupuka diladekna dadi kurban genenan marang Pangeran Yehuwah, iya iku gajihe lan buntute kabeh, kapotonga mepet ing ula-ulane, lan gajih kang nutupi jeroan apamaneh sakehe gajih kang tumempel ing jeroan,
10 karomaneh ginjele loro pisan sagajihe kang kraket ing kono, apadene gembelaning ati, dijupuka bareng karo ginjele mau.
11 Iku banjur diobonga dening imam ana ing misbyah minangka dhaharan awujud kurban genenan kasaosake marang Pangeran Yehuwah.