1 Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa mangkene:
2 “Sira ndhawuhana marang wong Israel: Manawa ana wong kang nerak wewalere Pangeran Yehuwah ora klawan dijarag, dadi pancen nglakoni salah sawijining larangan mau,
3 lan saupama kang gawe dosa mau imam kang kajebadan, temah bangsane katut kaluputan, iku nyaosna sapi lanang nom siji kang tanpa cacad, minangka kurban pangruwating dosa konjuk marang Pangeran Yehuwah.
4 Sapi mau diladekna marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing ngareping lawange Tarub Pasewakan, tangane katumpangna ing endhase sapi, lan sapine banjur kasembeleha ana ing ngarsane Sang Yehuwah,
5 imam kang jinebadan iku nuli njupuka getihe sapi mau sawetara digawa mlebu menyang ing Tarub Pasewakan,
6 sarta imam mau banjur nyelupna drijine ing getih iku, sarta diepyurna rambah ping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ing sangarepe geber pasucen.