14 samangsa dosa kang dilakoni iku kaweruhan, nuli pasamuwan nyaosna sapi lanang nom siji minangka kurban pangruwating dosa. Sapi mau diladekna menyang ing ngarepe Tarub Pasewakan.
15 Para pinituwane pasamuwan nuli padha numpangna tangane ana ing endhase sapi mau ana ngarsane Sang Yehuwah, sarta sapine disembeleha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
16 Imam kang kajebadan tumuli nggawaa getihe sapi mau sawatara menyang ing Tarub Pasewakan,
17 sarta nyelubna drijine ing getih iku lan dipyurna rambah ping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, ing sangarepe geber.
18 Karodene getih mau salong dileletna ing sunguning misbyah kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah ing jero Tarub Pasewakan, lan getih kekarene kasuntaka kabeh ing perangane ngisor misbyah kurban obaran, kang ana ing sangarepe lawang Tarub Pasewakan.
19 Dene gajihe sapi iku kabeh dijupuka lan diobonga ana ing misbyah.
20 Sapine lanang mau digawea padha karo sapi lanang kang kanggo kurban pangruwating dosa, kaya mangkono panggarape sapi mau. Kanthi patrap mangkono imam anggone nganakake pirukun kanggo wong akeh mau, temah bakal padha kaparingan pangapura.