18 Karodene getih mau salong dileletna ing sunguning misbyah kang ana ing ngarsane Sang Yehuwah ing jero Tarub Pasewakan, lan getih kekarene kasuntaka kabeh ing perangane ngisor misbyah kurban obaran, kang ana ing sangarepe lawang Tarub Pasewakan.
19 Dene gajihe sapi iku kabeh dijupuka lan diobonga ana ing misbyah.
20 Sapine lanang mau digawea padha karo sapi lanang kang kanggo kurban pangruwating dosa, kaya mangkono panggarape sapi mau. Kanthi patrap mangkono imam anggone nganakake pirukun kanggo wong akeh mau, temah bakal padha kaparingan pangapura.
21 Anadene sapi lanang iku digawaa menyang ing sajabane palereban lan diobonga nganti entek padha kaya anggone ngobong sapi lanang kang dhisik. Iku kurban pangruwating dosa kanggo pasamuwan.
22 Manawa kang gawe dosa iku sawijining panggedhe kang kalawan ora kajarag nerak salah sawijining wewalering Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, temah dadi kaluputan,
23 manawa dosa kang dilakoni iku disumurupake marang wong mau, dheweke tumuli nggawaa wedhus berok siji lanang kang tanpa cacad kanggo kurbane.
24 Tangane nuli ditumpangna ing endhase wedhus iku, wedhuse nuli kasembeleha ana ing papan kang lumrahe kanggo nyembeleh kurban obaran ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, iku dadi kurban pangruwating dosa.