27 Manawa kang gawe dosa kang ora kajarag mau wong saka rakyat lumrah, nerak salah sawijining wewalere Pangeran Yehuwah, temah iku nandhang kaluputan,
28 manawa dosa kang dilakoni mau wus disumurupake, banjur nggawaa wedhus wadon kang tanpa cacad kanggo kurbane, marga saka dosa kang wus ditindakake mau,
29 tangane banjur katumpangna ing endhase kurban pangruwating dosa mau, nuli wedhuse disembeleha ana ing papan kurban obaran.
30 Imam tumuli ndulita getihe sathithik dileletna ing sungu-sungune misbyah kurban obaran, getih turahane banjur diesokna kabeh ana ing sikile misbyah kurban obaran.
31 Nanging gajihe kabeh dijupuka padha kaya njupuk gajihe kurban slametan, nuli diobonga dening imam ana ing misbyah, minangka ganda kang damel renaning Pangeran Yehuwah. Kaya mangkono imam anggone nganakake pirukun kanggo wong mau, temah banjur kaparingan pangapura.
32 Nanging saupama kang digawa minangka sesaosan kanggo kurban pangruwating dosa iku wedhus gembel, iku kudu wadon lan tanpa cacad,
33 tangane ditumpangna ana ing endhasing kurban pangruwating dosa iku, wedhuse banjur disembeleha dadi kurban pangruwating dosa ana ing panggonan kang kanggo nyembeleh kurban obaran.