30 Imam tumuli ndulita getihe sathithik dileletna ing sungu-sungune misbyah kurban obaran, getih turahane banjur diesokna kabeh ana ing sikile misbyah kurban obaran.
31 Nanging gajihe kabeh dijupuka padha kaya njupuk gajihe kurban slametan, nuli diobonga dening imam ana ing misbyah, minangka ganda kang damel renaning Pangeran Yehuwah. Kaya mangkono imam anggone nganakake pirukun kanggo wong mau, temah banjur kaparingan pangapura.
32 Nanging saupama kang digawa minangka sesaosan kanggo kurban pangruwating dosa iku wedhus gembel, iku kudu wadon lan tanpa cacad,
33 tangane ditumpangna ana ing endhasing kurban pangruwating dosa iku, wedhuse banjur disembeleha dadi kurban pangruwating dosa ana ing panggonan kang kanggo nyembeleh kurban obaran.
34 Imam nuli ndulita getihe kurban pangruwating dosa mau sathithik, kaleletna ing sungu-sungune misbyah kurban obaran, lan getih turahane kaesokna ana ing sikile misbyah.
35 Nanging gajihe kabeh didhewekna, padha kaya gajihe wedhus gembel kurban slametan, nuli diobanga dening imam ana ing misbyah patrap kaya kurban sesaosan kang digeneni kagungane Sang Yehuwah. Mangkono imam anggone nganakake pirukun kanggo wong mau tumrap dosa kang wus dilakoni; temah bakal kaparingan pangapura.