Kaimaman 5:10-16 JAV

10 Manuk sijine iku kaolaha, kadadekna kurban obaran miturut pranatan. Kaya mangkono imam anggone ngolehake pirukun kanggo wong iku marga saka dosane kang wus dilakoni, temah bakal oleh pangapura.

11 Nanging saupama wong mau ora bisa ngaturake manuk deruk loro utawa piyik dara loro, kang disaosake minangka kurban marga saka anggone dosa iku arupa glepung kang becik dhewe saprasepuluh efa kanggo kurban pangruwating dosa. Ora kena diesoki lenga lan aja ditumpangi menyan, awit iku kurban pangruwating dosa.

12 Kurbane tumuli ditampakna marang imam lan imam iku njupuka glepung mau sagegem minangka pisungsung pangenget-enget, nuli diobonga ing misbyah ing sadhuwure kurban genenan kagungane Sang Yehuwah; iku kurban pangruwating dosa.

13 Kaya mangkono imam anggone ngolehake pirukun kanggo wong iku marga saka dosane ing bab salah sijine prakara; temah bakal kaapura. Saluwihe kurban iku dadia pandumane imam, padha kaya kurban dhaharan.”

14 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

15 “Manawa ana wong kang ora setya lan kang ora kalawan kajarag nglakoni dosa ing bab sawijining prakara kang suci kang sumaos marang Pangeran Yehuwah, iku nyaosna marang Sang Yehuwah kang minangka dhendhane arupa wedhus gibas lanang kang tanpa cacad saka ing panthane, kanggo kurban dhendha, diajeni manut sekel salaka, yaiku miturut sekel suci.

16 Prakara kang suci kang njalari dosane iku, kudu dilironi nganggo dipunjuli sapralimane, ditampakna marang imam. Dene imam ngolehna pirukun kanggo wong iku sarana wedhus kurban dhendha mau, temah bakal kaapura.