Kaimaman 5:12-18 JAV

12 Kurbane tumuli ditampakna marang imam lan imam iku njupuka glepung mau sagegem minangka pisungsung pangenget-enget, nuli diobonga ing misbyah ing sadhuwure kurban genenan kagungane Sang Yehuwah; iku kurban pangruwating dosa.

13 Kaya mangkono imam anggone ngolehake pirukun kanggo wong iku marga saka dosane ing bab salah sijine prakara; temah bakal kaapura. Saluwihe kurban iku dadia pandumane imam, padha kaya kurban dhaharan.”

14 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:

15 “Manawa ana wong kang ora setya lan kang ora kalawan kajarag nglakoni dosa ing bab sawijining prakara kang suci kang sumaos marang Pangeran Yehuwah, iku nyaosna marang Sang Yehuwah kang minangka dhendhane arupa wedhus gibas lanang kang tanpa cacad saka ing panthane, kanggo kurban dhendha, diajeni manut sekel salaka, yaiku miturut sekel suci.

16 Prakara kang suci kang njalari dosane iku, kudu dilironi nganggo dipunjuli sapralimane, ditampakna marang imam. Dene imam ngolehna pirukun kanggo wong iku sarana wedhus kurban dhendha mau, temah bakal kaapura.

17 Manawa ana wong kang gawe dosa nerak salah sawijining bab kang dadi awisaning Pangeran Yehuwah, sanajan tanpa dirumangsani, iku dadine iya nglakoni kaluputan, lan kudu nanggung kaluputane dhewe.

18 Wong iku nggawaa wedhus gibas lanang siji kang tanpa cacad saka ing pepanthane kang wis ditetepake pangajine, diladekna marang imam. Dene imam ngolehna pirukun kanggo wong iku marga saka panggawene kang wus dilakoni kalawan ora kajarag lan ora kasumurupan mau, temah bakal kaapura.