16 Prakara kang suci kang njalari dosane iku, kudu dilironi nganggo dipunjuli sapralimane, ditampakna marang imam. Dene imam ngolehna pirukun kanggo wong iku sarana wedhus kurban dhendha mau, temah bakal kaapura.
17 Manawa ana wong kang gawe dosa nerak salah sawijining bab kang dadi awisaning Pangeran Yehuwah, sanajan tanpa dirumangsani, iku dadine iya nglakoni kaluputan, lan kudu nanggung kaluputane dhewe.
18 Wong iku nggawaa wedhus gibas lanang siji kang tanpa cacad saka ing pepanthane kang wis ditetepake pangajine, diladekna marang imam. Dene imam ngolehna pirukun kanggo wong iku marga saka panggawene kang wus dilakoni kalawan ora kajarag lan ora kasumurupan mau, temah bakal kaapura.
19 Iku dadi kurban dhendha, awit wong iku pancen kaluputan marang Pangeran Yehuwah.”