21 Pangolahe ana ing panggangan nganggo lenga, sawuse kaublek sira ladekna kanggo kurban dhaharan, sawuse kapanggang klawan ditugel-tugel minangka ganda kang ngremenake kagem Pangeran Yehuwah.
22 Lan imam panunggalane anak-anake kang kajebadan nggenteni iku iya nindakna kaya mangkono, iku dadia pranatan kanggo ing salawase. Kabeh kaobonga konjuk marang Pangeran Yehuwah.
23 Saben kurban dhaharan sesaosane imam iku kaobonga kabeh, ora kelilan dipangan.”
24 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:
25 “Harun lan para anake iku padha sira dhawuhana, wirasane: Iki pranatan bab kurban pangruwating dosa. Anggone nyembeleh kurban pangruwating dosa iku ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah ana ing panggonan nyembeleh kurban obaran. Iku kurban kang suci pinunjul.
26 Imam kang nyaosake kurban pangruwating dosa iku kang kudu mangan; pamangane ana ing panggonan kang suci, ing platarane Tarub Pasewakan.
27 Saben wong kang nggepok daginge kurban iku dadi suci lan saupama getihe ana kang nyiprat ngenani sandhangan, iku sira kumbaha ana ing panggonan kang suci.