4 manawa marga saka kang mangkono iku dadi gawe dosa lan kaluputan, wong iku nuli mbalekna barange kang wus karampas utawa kang wus diebeki utawa kang katitipake, apadene barang anggone nemu mau,
5 utawa sadhengah apa kang wus diselaki klawan supata goroh, iku mbalekna sageneping pangajine dipunjuli spralimane, diwenehna marang kang duwe, ing dinane anggone nyaosake kurban dhendha,
6 minangka kurban panebusing kaluputane nyaosna marang Pangeran Yehuwah arupa wedhus gibas lanang kang tanpa cacad saka ing pepanthane, kang wus dimurwat pangajine, diladekna marang imam kanggo kurban dhendha.
7 Imam banjur ngolehna pirukun wong mau ana ing ngarsane Sang Yehuwah, temah bakal oleh pangapura tumrap sadhengah prakara kang wus dilakoni kang njalari kaluputane.”
8 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa mangkene:
9 “Harun lan anak-anake iku sira dhawuhana mangkene: Iki pranatan bab kurban obaran. Kurban obaran iku kudu tansah tumumpang ing geni ing misbyah sawengi muput nganti tekan esuk, genine kajagaa supaya tansah murub.
10 Imam banjur manganggoa klambine lena, lan sruwale lena kanggo nutupi kawirangane. Sawuse kurban obaran iku kobong kabeh, nuli ngukupa awu kang ana ing misbyah, kabuwanga ana ing sandhing misbyah.