1 “Iki pranatan bab kurban dhendha. Kurban iku sesaosan kang suci pinunjul.
2 Anggone nyembeleh kurban dhendha iku anaa ing panggonane nyembeleh kurban obaran, dene getihe kasiramna ing sakubenge misbyah.
3 Kang kasaosake yaiku: sakehing gajihe, buntute kang ana gajihe lan gajih kang nasabi jeroan,
4 ginjele karo pisan sagajihe, kang ana ing lempeng, apadene gembelaning atine dijupuk bareng karo ginjele.
5 Kabeh mau diobonga dening imam ana ing misbyah dadi kurban genenan konjuk marang Sang Yehuwah. Iku kurban dhendha.
6 Kang mangan iku wong lanang panunggalane para imam, pamangane ana ing panggonan kang suci, iku panduman kang suci pinunjul.