2 Anggone nyembeleh kurban dhendha iku anaa ing panggonane nyembeleh kurban obaran, dene getihe kasiramna ing sakubenge misbyah.
3 Kang kasaosake yaiku: sakehing gajihe, buntute kang ana gajihe lan gajih kang nasabi jeroan,
4 ginjele karo pisan sagajihe, kang ana ing lempeng, apadene gembelaning atine dijupuk bareng karo ginjele.
5 Kabeh mau diobonga dening imam ana ing misbyah dadi kurban genenan konjuk marang Sang Yehuwah. Iku kurban dhendha.
6 Kang mangan iku wong lanang panunggalane para imam, pamangane ana ing panggonan kang suci, iku panduman kang suci pinunjul.
7 Kurban dhendha iku kapadhakna kaya kurban pangruwating dosa; pranatan siji kanggo karo-karone; iku dadi pandumane imam kang nganakake pirukun sarana kurban mau.
8 Mangkono uga imam kang nyaosake kurban obarane sadhengah wong, iya imam iku kang dhuwenana lulange kurban obaran kang kasaosake.