1 Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
2 “Sira ngajaka Harun lan para anake lan njupuka panganggone lan lenga jebad, apadene sapi lanang kurban pangruwating dosa, wedhus gibas lanang loro, sarta kranjang kang isi roti tanpa ragi,
3 nuli sira nglumpukna sapepake pasamuwan ana ing sangarepe Tarub Pasewakan.”
4 Nabi Musa tumuli ngestokake sadhawuhe Pangeran Yehuwah. Pasamuwan banjur nglumpuk ana ing ngareping Tarub Pasewakan.
5 Pangandikane Nabi Musa marang pasamuwan: “Iki pangandika kang didhawuhake dening Sang Yehuwah supaya katindakna.”