5 Pangandikane Nabi Musa marang pasamuwan: “Iki pangandika kang didhawuhake dening Sang Yehuwah supaya katindakna.”
6 Nabi Musa banjur dhawuh marang Rama Harun lan para putrane supaya maju, banjur padha disirami banyu.
7 Sawuse mangkono tumuli diagemi kemejan lan sabuk apadene jubah, diagemi kotang efod tuwin dipaningseti nganggo sabuk efod,
8 karomaneh diagemi tutup dhadha, kang dietrapi Urim lan Tumim.
9 Tumuli diagemi serban, lan ing sadhuwure serban kapara ngarep kaetrapan jamang mas suci, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
10 Sawuse mangkono Nabi Musa banjur mundhut lenga jebad, kaagem njebadi Tarub Suci lan saisine kabeh padha disucekake.
11 Misbyahe iya dikepyuri lenga jebad iku sathithik rambah kaping pitu dalah sapirantine kabeh, karodene padasan satadhahane iya disucekake kanthi patrap mangkono.