1 Kacarita bareng dina kaping wolune Nabi Musa banjur nimbali Rama Harun lan para putrane apadene para tuwa-tuwane Israel,
2 sarta ngandika marang Rama Harun: “Kowe dhewe njupuka pedhet, kanggo kurban pangruwating dosa lan wedhus gibas lanang kanggo kurban obaran, karo-karone kang tanpa cacad, nuli saosna marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah.
3 Lan wong Israel dhawuhana mangkene: Padha njupuka wedhus berok lanang siji kanggo kurban pangruwating dosa, lan pedhet sarta cempe kang padha umur sataun kang tanpa cacad, kanggo kurban obaran.
4 Apadene sapi lanang siji lan wedhus gibas lanang siji kanggo kurban slametan, supaya padha kasaosna ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, karomaneh kurban dhaharan kang diolah nganggo lenga, awitdene ing dina iki Pangeran Yehuwah bakal ngatingal marang kowe kabeh.”
5 Tumuli padha nggawa apa kang kaprentahake dening Nabi Musa menyang ing ngarepe Tarub Pasewakan, lan wong sapasamuwan kabeh padha maju lan ngadeg ana ing ngarsane Sang Yehuwah.
6 Pangandikane Nabi Musa: “Iki pangandika kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah, padha lakonana, supaya kamulyane Pangeran Yehuwah ngatingal marang kowe.”