10 Gajih, ginjel lan gembelaning atine kurban pangruwating dosa iku diobong ana ing misbyah, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
11 Nanging daging lan lulange diobong ana ing sajabane palereban nganti entek.
12 Sawuse mangkono banjur mragat kurbane obaran, para putrane Rama Harun banjur ngladekake getihe marang panjenengane, Rama Harun tumuli ngesokake getih iku ana ing misbyah mubeng.
13 Banjur iya padha ngladekake kurbane obaran manut perangan-perangane kang wus katemtokake dalah endhase pisan; tumuli diobong ana ing misbyah.
14 Jeroan lan pupune padha dikumbah lan diobong karo kurbane obaran ana ing misbyah.
15 Sawuse iku kurbane wong akeh nuli diajokake menyang ing misbyah: wedhus berok kurban pangruwating dosa kang kanggo wong akeh banjur disembeleh kanggo kurban pangruwating dosa kaya kang dhisik.
16 Kurbane obaran banjur dikon ngajokake menyang ing misbyah, lan kaolah miturut pranatan.