15 Sawuse iku kurbane wong akeh nuli diajokake menyang ing misbyah: wedhus berok kurban pangruwating dosa kang kanggo wong akeh banjur disembeleh kanggo kurban pangruwating dosa kaya kang dhisik.
16 Kurbane obaran banjur dikon ngajokake menyang ing misbyah, lan kaolah miturut pranatan.
17 Sawuse iku nuli kurbane dhaharan diajokake, dipundhut sagegem lan diobong ana ing misbyah, ing sandhinge kurban obaran esuk.
18 Banjur uga mragat sapi lan wedhus gibas lanang sedhiyan kurban slametan kanggo wong akeh, para putrane Rama Harun nuli padha ngladekake getihe marang panjenengane, Rama Harun nuli ngesokake iku ing sakubenge misbyah,
19 nanging sakehe gajihe sapi lan wedhus mau, yaiku buntut sagajihe, gajih kang nasabi jeroan, ginjel apadene gembelaning ati,
20 iku padha ditumpangake ing andhemane kurban sakarone; kabeh banjur diobong dening Rama Harun ana ing misbyah.
21 Andheman lan sampile kang tengen iku disaosake dening Rama Harun dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Sang Yehuwah; kaya kang wus diprentahake Nabi Musa.