20 iku padha ditumpangake ing andhemane kurban sakarone; kabeh banjur diobong dening Rama Harun ana ing misbyah.
21 Andheman lan sampile kang tengen iku disaosake dening Rama Harun dadi pisungsung goyangan ana ing ngarsane Sang Yehuwah; kaya kang wus diprentahake Nabi Musa.
22 Sawuse mangkono Rama Harun banjur ngayatake astane kaungkulake marang wong akeh lan mberkahi wong-wong iku. Sawuse nyaosake kurban pangruwating dosa, kurban obaran lan kurban slametan banjur tumedhak.
23 Nabi Musa lan Imam Harun tumuli lumebet ing Tarub Pasewakan. Bareng miyos banjur padha mberkahi marang wong akeh, sarta kamulyane Pangeran Yehuwah nuli ngatingal marang wong sabangsa kabeh,
24 lan ana geni metu saka ing ngarsane Sang Yehuwah kang mangsa kurban obaran lan sawernaning gajih kang ana ing misbyah. Bareng wong sabangsa ndeleng kaanan mangkono iku, tumuli padha surak-surak lan sumungkem sujud.