7 Pangandikane Nabi Musa marang Imam Harun: “Nyedhaka ing misbyah, kurban pangruwating dosa lan kurban obaranmu olahen, sarta nganakna pirukun kanggo awakmu dhewe lan kanggo bangsa iku; sawuse mangkono kurbane wong akeh mau banjur olahen, sarta nganakna pirukun kanggo wong akeh iku, kaya kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah.”
8 Imam Harun tumuli majeng nyelaki misbyah, lan banjur mragat pedhet kurban pangruwating dosa kang kagem sarirane piyambak.
9 Para putrane Rama Harun banjur ngladekake getihe marang panjenengane, sarta Rama Harun nyelupake drijine ing getih iku tumuli dileletake ing sungune misbyah. Saturahe diesokake ana ing sikile misbyah. Saturake diesokake ana ing sikile misbyah.
10 Gajih, ginjel lan gembelaning atine kurban pangruwating dosa iku diobong ana ing misbyah, kaya kang wus kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.
11 Nanging daging lan lulange diobong ana ing sajabane palereban nganti entek.
12 Sawuse mangkono banjur mragat kurbane obaran, para putrane Rama Harun banjur ngladekake getihe marang panjenengane, Rama Harun tumuli ngesokake getih iku ana ing misbyah mubeng.
13 Banjur iya padha ngladekake kurbane obaran manut perangan-perangane kang wus katemtokake dalah endhase pisan; tumuli diobong ana ing misbyah.